NGLABRAK (Gunung Setyaningrat)
Srengenge isih nyunar ing parak esuk ana langit SMA
Nusantara. Atine Nadia pancen lagi bungah-bungah lagi kasmaran karo si Asep.
Ning rasa iki dumadhakan dadi keganggu rasa serik marang bocah anyar ning
kelase. Bocah anyar iku asmane ³Arin. Arin bocahe meneng, kalem, ayu, tur
pinter. Sedela wae Arin dadi kembang lambe para cowok ning SMA Nuswantara. Suwe
saga suwe popularitase Nadia sing sakdurunge kondhang rada kegeseh.
Rasa serik ning Nadia tambah ngambrawara wae. Kanca-kancane
sing cedhak uga sering manasi dheweke.
" Eh, Nad gebetanmu si Asep lagi nyedhaki si Arin
barang, ya" mangkono unine Salma.
" ya ora lah. Isih ayu aku kok. Hahaha" wangsule
Nadia.
“ Iya ya. Isih ayu dirimu pool” leme Salma.
Nuju sawijining dina ana lomba cerpen sekolah. Cekake lakon
Nadia menang dadi juara 1. Nalika upacara Nadia didaulat maju ning ngarep.
Cerpene Nadia oleh pangalembana merga judhule " Inner Beauty ".
"Selamat ya Nad?" Kandhane Bu KS.
" Terima kasih, Bu" wangsulane Nadia.
Dene Arin dadi juara favorit kanti judul
"konsisten". Sawise upacara para kanca dha aweh ucapan slamet marang
Nadi. Nanging rasa senrmg dumadhakan dadi cemburu nalika luwih akeh cowok sing
aweh ucapan marang Arjn. Fahri cowok sing dianggep superstare SMA uga nyedhake
Arin malah menehi kembang. Ora ketinggalan si Rozi sing kondhang cowok paling
tajir. Sing mbarai tambah mongkog panas atine Nadia kuwi jebul si Asep uga aweh
ucapan marang Arin.
Wis tambah panas lan serike atine Nadia. Nalika ngaso ning
kantin Arin lagi ngemil dhewean. Embuh sing dienteni sapa.
Banjur njedhul rasa Nadia pingin nglabrak Arin. Nadia njur
nyedhaki Arin.
" Bocah anyaran, sok ayu, sok cantik, kowe iki"
mangkono pambukane labrakane Nadia. " Kabeh cowok mbok cedhaki ta? Pingin
pamer ayu nyang aku?” mangkono bacutane leh nglabrak to the point nyang Arin.
Arin dadi abang mbranang rupane. Dheweke rumangsa ora duwe
musuh lan ora pati kenal si Nadia iki kok dumadhakan nglabrak dheweke. Nanging
Arin njajal tetep santai wae. Dheweke ngerti yen asline bocah ing ngarepe iki
lagi cemburu buta wae. Dheweke ora
pusing wong wis duwe pacar sing lagi ning luar kota. Sekabeh cowok ning
SMA Nusantara sing njajal nyedhake dheweke kuwi ora pati digape sakjane. Arin pingin
nganggep kabeh kuwi kanca.
“ Omonga kowe! Aja meneng
wae!” Nadia nutugne anggone nglabrak. “ Cerpenmu kuwi ra berkelas blas, ora ana
bobote babar pisan. Elinga ya nduk. Kowe
dadi juara favorit kuwi ora merga karyamu ning merga rupamu!” mangkono pangenyeke
Nadia. Arin tetep meneng wae
Kedadean iku dadi sawang-sawangane bocah -bocah liya sing
uga lungguh ngemil ning kantin. “ Tak kandani ya, Ora usah nyedhaki Asep. Asep ora
bakal seneng kowe. Asep kuwi wis nggebet aku. Aja kemayu. Lan ora usah bungah
kowe iki dicedhake Fahri. Fahri ngunu kondhang Playboy sekolahan iki. Aja
macem-macem lan rasah kemayu dadi cah anyar. “ mangkono pungkase Nadia karo
nyingkrih.
Sawise nyingkrih Arin rada lega. Ning ya rumangsa isin kok
dilokne sok ganjen karo Nadia. Padahal dheweke sasuwene iki biasa-biasa. Wae.
“ Tenang aja. Ndak usah dipikirin” Dumadhakan ana suara kang nenangne Arin. Suara iku muncul
saka Dwi lan Reyna. Dwi lan Reyna pancen loro cewek sing paling akrab marang
Arin.
“ Ya. Maturnuwun Dwi, Maturnuwun Reyn? Ra tak pikir kok.” Mangkono
cekakane wangsulane Arin.
“ Ngunu kok sukses nggawe judhul inner beauty ya? Gombal amoh
apa. Ra nyawang gitoke kok seneng
nglabrak tanpa ditelisik beritane” kandhane Dwi.
“ Husss.. wis ra usah dibahas maneh, Dwi. “Wangsulane si Reyna sing pancen
lembut atine iki moh mbacutke rasan-rasan marang Nadia.
Sauntara kuwi ning kelas Nadia katon puas bisa nglabrak si
Arin. “ tak baleken buku iki, Nad” dumadhakan ana buku rada diuncalne ning ngarepe.
Suara iku jebul si Asep sing mbalekne buku hadiahe kanggo Asep. “ Geneya, Sep?”
pitakone Nadia.
“ Sampean nggawe aku isin wae. Aku ki kadung kandha marang
kanca-kancaku. Aku iki pingin nyedhaki sampean merga aku yakin sampean iki bocah
sing apik. Saliyane manis uga dhuwe ati kang resik.” Kandhane Asep.
“ Lha terus geneya?” Pitakone Nadia maneh.
“ Kabeh kuwi Bullshit bakne. Atiku rontok Nad. Sampean ora
berperasaan ujuk-ujuk nglabrak Arin kaya ngunu ning Kantin. Akeh bocah sing
ruh. Healah… aku isin, Nad.. Nad!” mangkono kandhane Asep.
“ Cerpenmu sing juara iki, judhule “ Inner Beauty”?”
pitakone Asep karo nduduhke lempiran cerpene.
“ Bullshit” clathune Asep.
“ Aku kuciwa marang kowe. Wingi-wingi wis tak anggep kanca
sing kena tak andhalne. Malah jujur aku
mulai ana rasa nyang sampean. Nanging dina iki rasa mau ajur sakwalang-walang”
ngunu Asep leh mbacutke.
Nadia kaya disamber
gludhug wae rasane. Banyu luhe langsung mancur nelesi pipine. Dheweke rumangsa
getun marang tumindhake ning kantin mau.
“ Asep, sepurane, sep!”
…. Pocape Nadia.
“ Njaluka sepura menyang Arin.” Wangsule
Komentar
Posting Komentar