Postingan

NGLABRAK (Gunung Setyaningrat)

  Srengenge isih nyunar ing parak esuk ana langit SMA Nusantara. Atine Nadia pancen lagi bungah-bungah lagi kasmaran karo si Asep. Ning rasa iki dumadhakan dadi keganggu rasa serik marang bocah anyar ning kelase. Bocah anyar iku asmane ³Arin. Arin bocahe meneng, kalem, ayu, tur pinter. Sedela wae Arin dadi kembang lambe para cowok ning SMA Nuswantara. Suwe saga suwe popularitase Nadia sing sakdurunge kondhang rada kegeseh. Rasa serik ning Nadia tambah ngambrawara wae. Kanca-kancane sing cedhak uga sering manasi dheweke. " Eh, Nad gebetanmu si Asep lagi nyedhaki si Arin barang, ya" mangkono unine Salma. " ya ora lah. Isih ayu aku kok. Hahaha" wangsule Nadia. “ Iya ya. Isih ayu dirimu pool” leme Salma. Nuju sawijining dina ana lomba cerpen sekolah. Cekake lakon Nadia menang dadi juara 1. Nalika upacara Nadia didaulat maju ning ngarep. Cerpene Nadia oleh pangalembana merga judhule " Inner Beauty ". "Selamat ya Nad?" Kandhane Bu KS. ...